RSS Feed

Pengertian TEMBUNG CAMBORAN

Posted by: HAFIZH SMA 1 SRAGEN / Category:
TEMBUNG CAMBORAN

Tembung camboran yaiku tembung loro kang digandeng dadi siji.

Tembung camboran diperang ana loro, yaiku:
Tembung camboran wutuh/tunggal
Yaiku tembung loro digawe dadi siji nduwe teges anyar.

Tuladha:

anjani putra : anoman
bala pecah : barang gamapang pecah
bapa biyung : wong sing ngukir jiwa raga
buntut urang : rambut ing githok
gantung kepuh : ora tau ganti sandhangan
gantung siwur : katurunan kang kaping pitu
gotong mayit : anak 3 wadon kabeh
gilir kacang : anak akeh giliran lanang lan wadon
imagiri : araning panggonan (desa) ing bantul
jaran kepang : wewangunan kaya jaran digawe saka kepang
juru kunci : tukang ngrumat papan kramat, sareyan
kacamata : tesmak, piranti kanggo ndeleng
kadhal menek : araning gelung (pungkasaning gurung)
kala menjing : jendholan ing gulu tumrap wong lanang
karang malang : araning desa
mata tuwa : wong tuwane bojo
nagasari : araning panganan
perang rusak : araning bathik
randha royal : araning panganan
semar mendem : araning panganan
tutup keyong : peperangan omah kampung
udan riris : corak bathik
wanasaba : araning kutha

Tumbang camboran tugel/wudhar
Yaiku tembung loro digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.

Tuladha:

bangjo : abang ijo
bulik : ibu cilik
dhelik : gedhe cilik
dhengus : gedhe bagus
dubang : idu abang
kakkong : tungkak bokong
kongel : bokong cengel
kosik : mengko dhisik
lunglit : balung kulit
pakdhe : bapak gedhe
pakpuh : bapak sepuh
perko : emper toko
tingwe : nglinting dhewe
thukmis : bathuk klimis

6 comments:

  1. Nur Rochmah Fauzaani Says:

    ahhh makasih.... bisa buat bantu garap pr XD

  1. evana Says:

    apa bedanya tembung camboran dg tembung entar ??

  1. Unknown Says:

    SUKSES!!!!!!!

  1. Anugrah Wiby Sukmono Says:

    Bingung

  1. Abdul Jamil Says:

    maaf mas mohon diperelas kembali tembung campuran manut wujude lan tembung camboran manut tegese, yang diposting ini baru contoh tenbung camboran manut wujude : wutuh lan Tugel, terimakasih.

  1. Anonymous Says:

    Bangcuk abang pucuk

Post a Comment